Mangga Gladhen Bisnis

SentraClix DbClix

Pages

Sabtu, 19 Juni 2010

Guwa Lawa

Guwa Lawa dumunung ing Desa Siwarak Kecamatan Karagreja Kabupaten Purbalingga, nggadhahi sesawangan ingkang sae lan asri. Kahanan ingkang asrep ing ereng-erenging Gunung Slamet, ndadosaken kita sedaya sami remen kaliyan kahanan wonten mrika. Saderengipun mlebet guwa, ing ngajengan guwa ingkang sesawangannipun kados saking montor mabur, amargi Kutha Bobotsari ugi ketingal jembar, ugi kathah tiyang ingkang sami sadeyan souvenir.

Salebeting guwa, kathah stalatit lan stalagmite ingkang ndadosaken kaendahaning guwa. Sepisan mlebet, kita saged ningali watu ingkang arupi Semar lan dipunwastani Watu Semar. Watu menika nggadhahi wujud Semar lan kathah ingkang pitados menawi nggadhi kekiyatan. Mlebet malih lajeng wonten watu ingkang arupi wit wringin pethak lan dipunwastani Wringin Seto. Lajeng mlebet malih wonten Sendhang Drajat, Pancuran Slamet, lan Bale Paseban. Wonten mrika ugi nggadhahi cariyos menawi papan menika dipunginakaken kangge kempalipun para wali.

0 komentar:

Posting Komentar