Mangga Gladhen Bisnis

SentraClix DbClix

Pages

Selasa, 25 Januari 2011

Unit-Unit Naratif Kamandaka


Unit-unit naratif merupakan peristiwa atau rangakaian kejadian yang terjadi dalam cerita. Dalam cerita “Kamandaka versi Jurangbahas ini, terdiri dari unit naratifs sebagai berikut.

Sekuen 1: Banyakcatra ningali kahanan rakyat ing sakitaripun istana kangge ninjau kahanan ing sakitaripun istana.

Sekuen 2: Prabu Siliwangi maringi dhawuh dhumateng Banyakcatra supados enggal-enggal karma amarga yuswanipun sang prabu ingkang sampun sepuh.

Sekuen 3:Banyakcatra nggadhahi pamanggih pengin nggadhahi garwa kados ibunipun lan medal saking istana kanggo mados garwanipun.

Sekuen 4: Banyakcatra nemukaken kedadosan ingkang aneh wonten margi lajeng tumunju wonten ing dhusun ingkang ngedab-edabi kahananipun

Sekuen 5:Banyakcatra nyamar dados warga biasa supados boten ketingal jatidirinipun lan gantos jeneng dados Kamandaka.

Sekuen 6: Kamandaka ningal lan nggadhahi krenteg kepengin daup kaliyan Dewi Ciptarasa

Sekuen 7: Kamandaka dados prajurit ing Kadipaten Pasirluhur supados caket kaliya Dewi Ciptarasa.

Sekuen 8: Kamandaka ngawal Adipati nalika sengkrama ing lepen kangge sengkrama.

Sekuen 9: Kamandaka asring kepanggih kaliyan Dewi Ciptarasa lan Adipati ngertos menawi Kamandaka asring kepanggih kaliyan Dewi Ciptarasa.

Sekuen 10: Prajurit kadipaten mados lan nguber Kamandaka ngantos dumugi kedhung

Sekuen 11: Kamandaka mentas saking kedhung lan tumuju ing dalemipuun Nyi Kertisara.

Sekuen 12: Kamandaka dipunpupu dening Nyi Kertisara.

Sekuen 13: Kamandaka digladhen lan dipun padosaken sawung aduan dening Ki Rekajaya.

Sekuen 14: Prabu Siliwangi dhawuh kaliyan Banyakngampar supados madosi Banyakcatra.

Sekuen 15: Banyakngamar tapa brata ing Gunung Megasumini kangge nyuwun pitedhah saking Gusti.

Sekuen 16: Banyakngampar dumugi ing Kadipaten Pasirluhur.

Sekuen 17: Banyakngampar dipun dadosaken perwira dening adipati.

Sekuen 18: Banyakngampar dipun dadosaken tiyang kapercayanipun Adipati.

Sekuen 19: Banyakngampar dipundhawuhi sang adipati supados nyelidiki Kamandaka wonten ing papan kangge adu jago.

Sekuen 20: Banyakngampar nderek adu jago nalika sawungipun Kamandaka sampun wonten kandang aduan.

Sekuen 21: Banyakngampar gantos asma dados Silihwarni.

Sekuen 22: Silihwarni mburu Kamandaka sesampunipun ngertos dados buronan kadipaten.

Sekuen 23: Kamnadaka dipunuber dening Silihwarni ngantos ing pundi-pundi papan.

Sekuen 24: Silihwarni mbeberaken piyambakipun menawi putra saking Pajajaran.

Sekuen 25: Silihwarni ngejak Kamandaka wangsul ing Pajajaran.

Sekuen 26: Prabu Siliwangi ngawontenaken pilihan raja antarane Banaykcatra dan Banykangampar lan Banyakcatra kalah.

Sekuen 27: Banyakcatra wangsul malih ing Pasirluhur.

Sekuen 28 Banyakcatra tapa ing Batir Agung lan Kamandaka dipunparingi klambi utawi rasukan lutung ajaib.

Sekuen 29: Kamandaka malih rupa dados lutung.

Sekuen 30: Adipati mburu kewan ing alas lan sumerep kewan anh arupi lutung.

Sekuen 31: Lutung menika dipunbekta ing istana lan dados ingon-ingone Dewi Ciptarasa.

Sekuen 32: Prabu Pulebahas kepengin nglamar Dewi Ciptarasa lajeng Dewi Ciptarasa nyuwun sarat supados ndamel bantalan mori ingkang dawanipun saking Pasirluhur tumuju Nusa Tembini.

Sekuen 33: Dewi Ciptarasa badhe mantenan kaliyan Pulebahas.

Sekuen 34: Lutung ucul saking kandhange lan mundhut pusakanipun Prabu Pulebahas ing senthong.

Sekuen 35: Pulebahas lan Lutung tarung.

Sekuen 36: Pulebahas sumerep menawi pusakanipun dibekta lutung.

Sekuen 37: Pulebahas ngraos cilik ati lan ndadosaken badhe kalah.

Sekuen 38: Pulebahas mlebet wulu gadhing.

Sekuen 39: Pulebahas njedhul ing igir Suruh lan wangsul ing Nusa Tembini.

Sekuen 40: Lutung menika wangsul ing kadipaten lan malih dados Kamandaka.

Sekuen 41: Kamandaka karma kaliyan Dewi Cipatarasa.

Sekuen 42: Kamandaka dados Adipati ing Pasirluhur nggentos marasepuhipun.

0 komentar:

Posting Komentar